ffffff
Skip to content Skip to sidebar Skip to footer
banner here

Shalawat Ingkang Mboten Wonten Kerugian Kangge Sinten Kemawon

source: Nurul Iman Media

Shalawat inggih punika salah setunggaling doa ingkang wonten dalemipun wonten pujian dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang dados salah setunggaling bentuk ibadah dumateng Allah. Shalawat ugi dados setunggaling amal ibadah ingkang mboten saged ical ganjaranipun menawi dipunlakuaken kanthi riya, sombong, lan penyakit ati lintunipun. Benten kalihan ibadah lintunipun, Allah piyambak mboten namung dawuh nanging ugi ngelakuaken shalawat dumateng Kanjeng Nabi SAW. Kados ingkang saged dipun priksani wonten ing ayat menika:

اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِي يَا أَيُّهَا الَّذُيْنَ اَمَنُوْا صَلُّوا عًلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيْمًا

Mboten cekap ngantos menika, Allah ugi ngajak para malaikat supados maos shalawat dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Shalawat ingkang dipunlafadaken mboten namung anggadhahi setunggaling makna. Mungguh Allah, shalawat dados rahmat lan keridhaan. Ananging, kangge malaikat shalawat dados doa lan istighfar. Menawi kangge manungsa inggih punika doa lan ngegungaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kagem timbal balikipun, Kanjeng Nabi ndungaaken dumateng tiyang ingkang maos shalawat dumateng Kanjeng Nabi. Menika ingkang kita sedaya mangertosi kalihan syafaat ingkang badhe dipun tampi wonten ing dinten akhir.

Amargi punika, mboten wonten setunggaling kerugian menawi kita sedaya nyambungaken piyambakipun kaliyan Kanjeng Nabi Muhammad SAW, inggih punika kanthi maos shalawat dumateng Beliau. Wonten ing ngandhap punika pinten-pinten kautaman menawi kita maos shalawat dumateng Kanjeng Nabi SAW.

Selamat saking api neraka. Sawijining wekdal wonten ing njero kubur, salah setunggaling ahli kubur ingkang selamet saking api neraka. Banjur setunggaling kaum tangled dumateng keluarginipun ahli kubur menika, “Nopo ingkang dipun lakuaken dening ahli kubur ngantos saged terhindar saking api neraka?” Banjur keluarginipun njawab, “Ahli kubur maos shalawat dumateng Kanjeng Nabi SAW wonten ing dinten Jumat 1000 ambalan.” Dados, kanthi ngathahaken shalawat nopo malih wonten ing dinten Jumat ndadosaken pitulung kangge ingkang maos saking siksa api neraka.

Dipun tolong menawi nampi musibah. Sawijining wekdal wonten setunggaling tangga ingkang seda lan piyambake lewat lan ningali wonten ing kuburipun kaliyan malaikat ingkang maringaken pitakon kubur dipun damel bingung. Perkawis menika dipun sebabaken wontening setunggaling tiyang ingkang anggadhahi wajah rupawan saha harum wanginipun ngalang-ngalangi saking pitakon kubur. Banjur tiyang menika tangled dateng tiyang ingkang ngalang-ngalangi, “Panjenengan sinten?” “Kula inggih punika tiyang ingkang dipun dadosaken sebab ahli kubur ingkang ngathahaken shalawat lan kula dipundawuhi supados nulung nalika kesusuhan,” jawabipun. Dados amargi shalawat, wekdal dipun adepaken kaliyan perkawis ingkang susah, mboten dipun sangka-sangka angsal pitulung.

Syafaat tansah dipun paringaken tanpa ningali wulu. Setunggaling wekdal wonten tiyang ingkang ngimpi wonten ing astanipun pembantunipun gandheng kaliyan astanipun Kanjeng Nabi SAW. Tiyang menika tangled dumateng Nabi, “Kados pundi asta pembantu ingkang fasik saged kempal kaliyan astanipun Panjenengan, Nabi?” Banjur Nabi njawab, “Kanthi ngatathahaken maos shalawat dumateng kula. Estu, tiyang menika tansah maos shalawat dumateng kula sederenipun sare 1000 ambalan.” Dados, lantaran shalawat mboten mbedaaken tiyang fasik kaliyan lintunipun menawi kersa maos shalawat dumateng Nabi SAW. Shalawat tansah maringi syafaat kangge sinten kemawon menawi kersa maos.

Mboten naming kangge ingkang maos, nanging ugi kangge tiyang wonten ing sekitaripun. Setunggaling dinten wonteng tiyang ingkag maos shalawat lan liwat ing pemakaman. Lan sak nalika 570 ahli kubur dipun angkat amargi shalawat ingkang dipun waosaken dening tiyang ingkat liwat dumateng Nabi SAW. Dados, mboten naming kangge piyambak, nanging ugi kangge sekitaripun mboten kejaba tiyang ingkang sampun sedha.

Agungipun shalawat Nabi, ndadosaken syafaat kangge sinten kemawon ingkang kersa maos lan manfaatipun mboten namung kangge ingkang maos nanging ugi kangge sekitaripun. Mirahipun Nabi dumateng umatipun anggene maringi syafaat, napa mboten rugi menawi mboten purun maos shalawat ingkang sampun dijanjiaken syafaat menika?



Dipta_edu
Dipta_edu Hanya seorang pembelajar

Post a Comment for "Shalawat Ingkang Mboten Wonten Kerugian Kangge Sinten Kemawon"

Youtube